Loading...
Rabu, 09 Desember 2015

NGELMU JOWO

“SALAM SEDULURAN“
Poncodane ‘Ngelmu Urip’ iku ‘eling’, yaiku eling marang ‘sejatining urip’ utowo ‘hakekating urip’ tumraping manungso. Manungso iku titah pinunjul katimbang titah liyane. Pinunjule amargo kaparingan ‘perangkat urip’ kang ono ing khasanah Jowo disebut ‘CIPTO ROSO KARSO’. Tinengeran ono ing aksara Jowo: “ho-no-co-ro-ko” kang tegese ‘utusan’ (hononiro hononing Hyang) kang diparingi cipto (co), roso (ro), lan karso (ko). peparing ‘CIPTO ROSO KARSO’ Niki kang mbedakake titah manungso kalian titah liyane“.
“Ngelmu Aksoro Jowo“
HO “ Hono urip wening suci. (Adanya hidup adalah kehendak yang Maha Suci)
NO “ Nur condro, gaib condro, warsitaning candoro. (harapan manusia hanya selalu ke sinar Ilahi)
CO “ Cipto wening, cipto mandulu, cipto dadi. (satu arah dan tujuan pada Yang Maha Tunggal)
RO " Rosoingsun handulusih. (rasa cinta sejati muncul dari cinta kasih nurani)
KO “ Karsoningsun memayu hayuning bawono. (hasrat diarahkan untuk kesejahteraan alam)
DO “ Dumadining dzat kang tanpo winangenan. (menerima hidup apa adanya)
TO “ Tatas, tutus, titis, titi lan wibowo (mendasar ,totalitas, satu visi, ketelitian dalam memandang hidup)
SO “ Sifat ingsun handulu sifatullah. (membentuk kasih sayang seperti kasih Tuhan)
WO “ Wujud hono tan keno kinoro. (ilmu manusia hanya terbatas namun bisa juga tanpa batas)
LO “ Lir handoyo paseban jati. (mengalirkan hidup semata pada tuntunan Ilahi)
PO “ Papan kang tanpo kiblat. (Zona Dimensi Quantum, tidak ada arah kiblat utara selatan barat dan timur ataupun atas dan bawah)
DHO “ Dhuwur wekasane endek wiwitane. (Untuk bisa di atas tentu dimulai dari dasar)
JO “ Jumbuhing kawulo lan Gusti (selalu berusaha menyatu - memahami dan selaras dengan kehendakNya)
YO “ Yakin marang samubarang tumindak kang dumadi. (yakin atas titah /kodrat Ilahi)
NYO “ Nyoto tanpo moto, ngerti tanpo diuruki (memahami kodrat kehidupan)
MO“ Madep mantep manembah mring kang moho kuoso. (yakin - mantap dalam menyembah Ilahi)
GO “ Guru sejati sing muruki (belajar pada guru sejati)
BO “ Bayu sejati kang andalani (menyelaraskan diri pada gerak alam)
THO “ Tukul soko niat. (sesuatu harus tumbuh dari niat)
NGO “ Ngracut busananing manungso (melepaskan egoisme pribadi- manusia)
“Kulo kinten cekap semanten anggon kawulo mathur, lepat ugi luputing anggon kawulo mathur kawulo nyuwun ngapunten“
maturnuwun“

Sumber

0 komentar:

Posting Komentar

 
TOP